Puji rupa rupa agung
sawabe
01:Pangedepan
Ya’jabaru’’winaca kaping 100x.
02 Tulak bilahi-
Ya’kudusu winaca kaping 503.
03 Tulak piala
Ya,’yariku’.
04,lumaku ijen murih
slamet,
Ya’,salamu.
05 duwe panyuwun,
Ya,’wajidu.sajene sego abang.
06 tulak bilahi
Ya kabiru,winaca kaping 300 ing saben malem sabtu.
07 pabungkeman
sakalir,
Ya kayu ya kayumu ya dalmu ya abadu,winaca kaping 7.
08 panyuwun.
Ya siruhu,winaca kaping 10 saben malem jum’at,sajene sego
biru lan ketan ireng pada ginolong.
09 panulak pallan.
Ya rajaku.
10 tulak gegering.
Ya abadiyu.
11 tulak mungsuh,
Ya bangisu.
12 panyuwunan.
Ya ngaliyu.
Mantra teguh ing
braja
Nepsu araning braja,bayu jatining braja,sukma uriping
braja,anuksma ana sajatining braja.lakune mutih 3 dina.
Mantra pangluputan
mimising bedil.
Salla;llahu ibnu birahmatika ya arhamarahimin’lakune mutih 7
dina.
Sukma madangake piker.
Sukmaning dzat,eling sukmaning dzatu’llah,wahdahu la
sarika’llahu,
Kawatek kaping 3 utawa kaping 7,karo ngampet napas ing saben
sarambahan.
Mantra padusan
panganten
Ingsun adus ing enur,cahyaning allah,gilar gilar cahyaning
Muhammad,sumurup cahyaning rasul’lullah,la ilaha ila’llah Muhammad rasulu’llah.
Mantra panawa
sabarang
Ki jaka tawa,tawa sakehing lara,tawa sakehing braja,tawa
sakehing sangkala,tawa sakehing wisa,taw tawi tawar saking karsaning allah.
Mantra kanggo mulyake
wong lara.
Allah kang ana ,Muhammad kang lara,rasul kang waras,waras
saking karsaning allah.
Mantra sesinggah
maling
Aku aturu tengahing segara,aturu ing banyu,putih abantal
naga pratala,akasur singa barong,rep-sirep sabuwana kabeh.
Mantra pangageman
luhur
Ingsun turu lawan sukma,ingsun linggih lawan cahya,cahyaning
sang raja bahning,tetekan jungkat nabi adam,allahu ila’llah,wungu,ngandap,cur
mancur,pangeran,kulit wulu rasaning pangeran,ya ingsun manungsaning
allah,sajating
Manusa.
Mantra pasucen kanggo
adus ing tanggal 1 lan tanggal 15
Iman suci badan maklum,roh tetep badan
mulya,gilang-gilang sarirane kadi gedah
winasuhan,mulih sajatining suci,mangka ing jati sampurna,cat mangkat
ingjanatu’llah,urip salawase,mulih ing janatunangim,urip tan kena ing
pati,allahu.
Mantra ismu kasoran
Jati kumelut tanpa gawingan,rajeg wesi sabu wana,jabang
jibing tanpa tandingan.
Lakune pasa telung dina,bukane pendak sore,banjur pati geni sadina
sawengi.
Ismu petake baginda
ali
Jaga!! makrifat ali mustafa,la chaola wa la kuw wata
ila’bi’llahi’l’alajjil’ladlim.
Lakune pasa pati geni sadina sawengi.
Ismu petake baginda
ambyah (amir hamzah)
Watu tumpuk ing dadaku,parang rejeng ing gigirku,allah kang
paring teguh kuwat jungkatku,tali kalamu’llah,kuwat Muhammad anama allah la
chaola wa la kuwwata ila’bi’llahi’l’alajji’l’adlim.
Lakune pasa sadina sawengi,sarta adus kaping 3 ing dalem
sawengi.
Puji sejati ya siru’llah ya sir-ingsun,ya dzaltu’llah ya
dzating sun,ya sir-huk,ya dzat-huk.
Winaca made ping kiblat papat,kaya kang ing duwur mau sembah
puji iya iku puji sejati mareng bangsa pangeran,lan maring kawulo,kawulo meruhi
maring gusti.
Mantra timbulan
Timbul wesi sabumi,awak kulit saking bumi tunggal kahanan
allah,tet langgeng aku sima kaku lutung weli,
Tanpa laku mung di weruhake bar.
Mantra timbul lembu
sakilan piranti nimbul bala.
Dzat-sifatu’llah tunumbak tuna,sinuduk luput,allah ora
katon.
Lakune mutih pitung dina lan pati geni sadina sawengi
Mantra piranti
ngilangngake kawanening mungsuh
Ngatong ngatong sang hyang ngatong,urung bet tan ana kang
katekan ngungkung kapakuwan,angah andapan kawatuwan tan ajur binukti,hah ilang
kawa sanira dening kawasaningsun,ilang nepsunira dening nepsuningsun,ilang
saking karsaning allah ilang ciptaning allah.
Ismu aji gajah wulung
Aku si gajah wulung,aku si gajah milir,milar milir,tan kena
sinibet pucuking braja,tan kena renak iya aku si kancing wesi,tumurun,ilahu
ala’llah
Ismu guntingan
Kumaraning allah,cahyaning pangeran tikal balung,balung tikel res il’llah
Lakune adus ing dina malem jum’at sawengi
Ismu guntingan seje
rupa tut jati lub jati,mangsa allahu,mangsa rasulu llahu tapyar tapyar
Tapyar.
Tape yen arep dahar ora kene wisuh,yen wis dahar ya ora kena wisuh,lawase limang
sasi.
Ismu guntingan seje
rupa menneh
Ya hu jabardas jabardis,yar tatas keris soleman den kaya
keris mangkono landepe tangane
Tapane kenahat patang puloh dino.
Niyate melek murih
teguh rahayu santosa
Niyang ingsun melek tutuga sadina sesuk esuk,manjing teguh
rahayu kang santosa kagungane allah
Lakune adus ing wayah jam 11 bengi.
Mantra niyate kawin
bhatin
Allah kang ngawin-kinawinaken rasulu’llah wali ningsun,islam
srikawinira,djabrail sahidnya,nggoma nikah lan ingsun,manjinging tafsir kang
nyata-
Seksi allah sahid allah,wa ashadu ingsun angawin sira,sira
suci ingsun suci,allah kang ngawinake Muhammad seksiningsun,djabrail
waliningsun,anga win sukma pulang sih sajroning adam.
Mantra aji asmaragama
Ingsun wahananing lanang djaya,apangawak satriya
dananjaya,panuksmaning sang hyang asmara
animpuna saliring asmaragama,warata kalawan kudratingsun.
Mantra angeknakake rasa marang wanita
Ingsun dzating rhasa,kang dadi sajataning rahsa kang kawasa
angimpun saliring rasa mulya kang dadi nikmat manpangat rahmat kalawan
kudratingsun.
Mantra aji pamepetan tuwuh
Ingsun ametokake si kama wurung,ingsun ani bakake si kama wigar,wigar anggagar saka kudradtingsun
Kasebut ing duwur mau mantra aji pamepetan tuwuh supaya ora
anibakake wiji marang wanita kang gemang anggarbini.
Mantra aji jaya purusa iya lanang sejati
Ingsun kahananing jayapurusa kang jumeneng raja
kaskaya,teg-geng teg-geng dadi rosa
Santosaning jalu ningsun lanag sajati kalawan kudratingsun
Mantra aji anuwuhake putra becik
Ingsun sifatu’llah sifating cahya,kang dadi witing cahya
kang kawasa angimpunsaliring cahya urcahya,cahya nur buwat nur mauhammad tumiba
dadi nukat gaib,suwarna surupa ing yoganingsun,kalawan kudratu’llah
kudratingsun
Aji jaya teguh timbul
Ingsun amatak aji jayaku teguh timbul,sakehing braja tan ana
tunama maring awakku,sirna ilang dadi banyu luluh lebur tanpa dadi saking
kersaning allah
Ta’ala salla’llahu’alaihi wasallam.
Aji welut putih
Ingsun amatak ajiku welut putih,sumurup ing padas putih
salla’llahu alaihi wasallam.
Winatak kaping tellu ora ambekkan.
Puja pujane ilmu rasa ageme para nabi
Tembang mijil 14 pada ngemot puja puji 13 bab ilmu rasa kang
tinutur dingir wacanen
Den alon panakatah punika pedahe kinajrihan sasamining jalmi
apalna ing wengi iki pujinipun
Ya allah kaping 1000
Pan punika wonten puji maleh wacanen den alon temen temen
maring allah ing mangke
Sasedyane tineken hyang widhi,apalna ing wengi,iki pujinipun
ya rahimu kaping 1000
Kinasihan jalmi ya muliku kaping 1000
Kinasihan jalmi ya kudusu kaping 400
Kinajrihan jalmi wacanen malem jum’at tengah wengi ya maliku
400
Pujine arep lungo pribadi ya sallimu kaping 999
Lamun sira meneda hyang widhi wacanen sayektos sakarsane
tineken janjine,manahira den madhep sawiji lan den ngati ati iki pujinipun ya
mu’minnu 1000
Yen siro arsa padang
kang galih wacanen menbolong,malem kemis wau pamujine
Ya haminnu kaping 90
Lamun siro anggetak ing jalmi ya jabaru kaping 140
Kuwasane puji dina pitu
Dina ahad lungguhe ing wulu kuwasane teguh ora kena winengkang
lan ora katon
Nabine nabi adam pujine ya kayu ya kayumu.
Dina senen lungguhe ing kulit kuwasaning teguh tan kena
binenggang nabine nabiullah
Pujine ya rahman ya rahim
Dina selasa lungguhe ing bebayu kuwasane angumpulaken cahya
kabeh nabine nabi isa
Pujine ya maliku ya kudusu
Dina rabu lungguhe ing daging kuwasane teguh tan kena winangenan nabine nabi musa
Pujine ya kabiru ya muntaha
Dina kemis lungguhe ing otot kuwasane teguh sajege
urip,nabine nabi idris
Pujine ya ngalim ya ngalimu
Dina jum’at lungguhe ing bebalung kuwasane sekti
mandraguna,nabine nabi
Nabi rasul pujine ya kapi ya mugni
Dina sabtu lungguhe ing sumsum kuwasane angumpulaken rasa
kabeh nabine
Nabi iskak,pujine ya patah ya rajah.
Niku mau pujine dina pitu kang munggeng sarira kabeh,kuwasane
luwih agung
Lakune mutih pitung dina banjur pati genu sawengi
Tidak ada komentar:
Posting Komentar